Thursday 7 December 2023

Politike Sarjono karo Sarinem

 

Sarinem dan Sarjono padha geleng-geleng sirahe dong Pak Rajiman, tanggane sebelah persis mbahas masalah politik karo dheweke. Ora paham Sarjono karo Sarinem babagan politik sing diomongaken Kang Rajiman. Aja terprovokasi, madep mantep karo pilihane dhewek-dhewek. Provokasi si apa Kang? Sarinem takon lirih karo bojone sing jagong neng sebelahe. Sarjono sing ditakoni ya mung geleng-geleng alon. Dheweke ya ora ngerti.

Perkara politik wis dialami Sarjono karo Sarinem ping bola bali. Saben arep pilihan suasane dadi bedha. Ya pilihan lurah, pilihan kades, pilihan DPR, konti pilihan presiden. Akeh wong sing dadi pinter ngomong. Tapi Sarjono karo Sarinem malah dadi bingung. Soale ora pati paham babagan politik. 

Sing dipikir Sarjono karo Sarinem, keprimen carane ngesuk oleh duit nggo tuku beras karo lawuh. Cukup nggo sekeluarga kabeh. Money politik apa istilah sing akeh kemrungu neng Sarjono lewat tontonan TV ora tahu tekan omah. Syukur milih calone karepe atine dhewek. 

No comments:

Post a Comment

Membeli Waktu

Assalamuallaikum warahmatulahi wabarakatuh  Bismillahirrahmanirrahim  Membeli Waktu Pada suatu hari, seorang Ayah pulang dari bekerja pukul ...